Google
 

Pulau Jawa

Pulau Jawa

Rabu, 05 Maret 2008

Asal usul Bahasa jawa

Mula bubukaning Sastra Jawa iku sawijining prasasti sing ditemokaké ing tlatah Sukabumi, Pare, Kedhiri Jawa Wetan. Prasasti sing biasané diarani Prasasti Sukabumi iki ditulis ing tanggal 25 Maret taun 804 Masehi. Isiné ditulis nganggo basa Jawa Kuna.Sawise prasasti Sukabumi, ana prasasti liyane saka taun 856 Masehi sing isine sawijining tembang kakawin. Kakawin sing isine wis ora pepak maneh iki, tembang basa Jawa (Kuna) sing lawas dhewe.Biasane sejarah sastra Jawa dibagi dadi patang jaman:Sastra Jawa Kuna Sastra Jawa Tengahan Sastra Jawa Anyar Sastra Jawa Modern Saliyane iku ana kategori khusus maneh, yakuwi Sastra Jawa-Bali. Sastra iki terusane saka Sastra Jawa Tengahan. Sabanjure ana uga Sastra Jawa-Lombok, Sastra Jawa-Sunda, Sastra Jawa-Madura, lan Sastra Jawa-PalembangSaka kabeh sastra tradisional Nusantara, sastra Jawa iku sing paling unggul lan paling akeh kasimpen karya sastrane. Ananging sawise proklamasi RI, taun 1945 sastra Jawa rada dianggep kaya anak kuwalon ing Negara Kesatuan RI. Amarga sing diutamakake iku rasa manunggaling (kesatuan) bangsa Indonesia.Basa Jawa wiwitane ditulis nganggo aksara turunan aksara Pallawa sing asale saka kiduling India. Aksara iki sing dadi leluhure aksara Jawa modern utawa Hanacaraka sing isih dienggo nganti saiki.Banjur karo mumbul-mumbule agama Islam ing abad ping 15-16, huruf Arab ya digunakake nggo nulis basa Jawa; huruf iki diarani huruf pegon.Sawise iku karo tekane wong-wong Eropa ing tanah Jawa, aksara Latin ya digunakake kanggo nulis basa Jawa.

Tidak ada komentar: